Abote Berbudi Bawa Laksana

Saben nyawang poto wisuda, aku njur kelingan suwargi Kakung. Nalika aku wisuda, pengen rasane ati, dikancani, poto bareng. Nanging kui mau ya winates jroning angenku.

Abote Berbudi Bawa Laksana

"Wong kuwi sing digugu guneme Le", mangkono welinge nalika isih sugeng. Pitutur becik, piwulang luhur ora kendhat didhlesepake jroning sela selaning kanthong klambiku, tembus tekaning ati, ngoyot nganti diwasa. "Berbudi bawa laksana kuwi ora entheng, abot."

Apa ta jane Berbudi bawa laksana kuwi? Kuwi piwulang luhur, nek basa agamane Qoulan sadida. Yen Basa Indonesia kurang luwih, satunya kata dan perbuatan. Yen guneman ya ora mencla-mencle, sing dikandhakke ya sing ditindakke.

Trus apa hubungane wisuda karo berbudi bawa laksana? Nalika aku wisuda sarjana, Kakungku ora pirsa tanggal pase. Apa pancen luput saka panjangkane. Nalika iku, Kakung kadhapuk pinangka paraga gebyar seni kelurahan. Jawilan saka pangarsa desa babagan kuwi bacut disaguhi.

Kasunyatane prosesi pindhahan kucir wisudaku bebarengan acara gebyar seni kuwi. Gela, kuciwa pancen ra kinira. Nanging pancen Nuladhakne Berbudi bawa laksana kuwi ora mung cukup wedharing kandha. Kudu nganggo tuladha sing nyata.

Aku ora papa, 
Mung sing dak suwun ratri tekaning rina, mugi Gusti paring pangapura dosa lupute Kakung nalika ana jagad rina. 
Aku ora papa, nadyan poto wisuda sarjana ora ana potoku karo Kakung. 
Aku ora papa nadyan poto wisuda Diploma ku ya mung kabur kanginan kegawa maruta. 
Amung dadi crita nalika sinau tekan Sala. 

Ngangsu kawruh, sekolah, sinau kuwi sing tenanan, tekun. Wong sing tekun bakal oleh teken. Tekan sing dadi panjangkane. Tundhane tEken kertas sing tandha tangane isoh dadi dalane Gusti paring rejeki.

Kartasura, 26 September 2019

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel